Senin, 15 Juni 2015

males..,,,



MALES

Males..., “males” iku... makanan pokok mungkin?. Lha kepiye meneh..,, hawane kui wes dilakoni terus-terusan eg. Ono seng kondo nek males iku iso diilangke nganggo OLGA (Olah Raga), lha wong males ku....? kepiye iso olga?.
“Semua harus diawali dengan niat” jare yo iso ngilangke males. Janjane kene yo wes niat, tapi yo kui.. kegandulan males.. dadine yo gag sido. Ono meneh jare kon mbagi-mbagi kerjaan... ben rodo enteng jare. Lha wong males.. mbagi ae wes males.. opo meneh nglakoni?.
Nek aku si... seneng tak cedakke deadline..,, ben enek batheqkane. Masalahe nek enek batheqkane kan luweh nggreget, dadine kan nggae seru neng ati n’ ngelu-panas neng sirah. Tapi kui elek nek ditiru... aku wae pengen ngilangi. Ncen seng penteng ki angger dilakoni ndisek. Sitek-sitek lah... timbang mikir akeh-akeh malah ndadikke males?. Aku nules iki loh janjane males..., tapi pye meneh? Timbang nganggor?. Teros ben nambah ngilangi malese nek bar sholat karo moco :

اللهُمَّ إِنِّي أَعُوذُبِكَ مِنَ الْهَمِّ وَالْحَزَنِ وَ أَعُوذُبِكَ مِنَ الْعَجْزِ وَالْكَسْلِ وَ أَعُوذُبِكَ مِنَالْجُبْنِ وَالْبُخْلِ
                                               
                Pokokke.. pentengki “melakukan langkah pertama”...., ojo kakean muni/mikir “NEK...”.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar